Friday, April 17, 2020

Sekar Mayang (1981) - Gombloh & Lemon Tree's anno '69 : Full Lirik


Sekar Mayang adalah album Gombloh satu-satunya yang berbahasa Jawa. Album ini ada di bawah naungan Golden Hand Record dan dirilis pada tahun 1981. Album ini juga merupakan penanda berakhirnya kerjasama Gombloh dengan Golden Hand Record, karena setelah album 'Sekar Mayang', album-album Gombloh selanjutnya ada di bawah naungan Chandra Record & Nirwana Record.

Album ini sangat menunjukkan antusiasme Gombloh dalam mempopulerkan kembali sekaligus menggali nilai-nilai luhur budaya Jawa dan mengolahnya dalam bentuk lagu agar dapat diterima oleh masyarakat. Terbukti, upaya Gombloh cukup berhasil. Banyak orang yang kembali mengulik Serat Wedhatama karangan Mangkunegara IV setelah mendengarkan 'Hong Wilaheng', atau menggali kembali serat-serat sastra Jawa Lama setelah mendengar 'Sekaring Jagad', 'Nabi Yusuf', 'Babad Dhamarwulan' dan sebagainya, dimana lagu-lagu tersebut mengandung lirik yang diambil dari serat sastra Jawa Lama.

Eksperimen Gombloh dalam album ini -mengutip Sapardi Djoko Damono- merupakan bentuk alih wahana teks sastra ke dalam bentuk irama musik modern, dan dengan cara itu sastra Jawa nyatanya lebih dapat membumi. Dengan demikian tidak salah bila orang menyebut Gombloh selain sebagai pemusik, juga merupakan sastrawan dan pemerhati serta pelestari nilai-nilai kearifan lokal.

--------- --------- --------- --------- --------- --------- -------

SIDE A


SEKAR MAYANG

Mingkar mingkuring angkara
akarana karnan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
sinubo sinukarta
Aduh Gusti, pakertining ngelmu
Ingkang tumrap ning tanah Jawa
Agama ageming aji
Sapa entuk wahyuning Allah,
gyoh dumilah mangulah ilmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut,
kukutaning jiwangga

Yen mangkono kena sinebut wong sepuh
Lir ing sepuh
sepi hawa
Awas roroning atunggil

Ingsun ing arcapada, urip kudu nerima
Karsaning sang pangarsa, tuhu setya utama
Ingsuning arcapada, urip kudu nerima
Karsaning sang pangarso, tuhu setya utama

Hong wilaheng sekaring bawana langgeng, sekar mayang
Hong wilaheng sekaring bawana langgeng, sekar kajang
Hong wilaheng sekaring bawana
Hong wilaheng sekaring bawana



LINDRI - LINDRI

Lindri adang telung kati lawuhe bothok teri
Lindri adang telung kati lawuhe bothok teri
A ditutul mak net net, a diemplok plok,
a maktelep lep

Lindri adang telung kati lawuhe semayi
Lindri adang telung kati lawuhe semayi
A ditutul mak net net, a diemplok plok,
a maktelep lep

Pacak gulu cingkir
aduh yayi sendal pancing
Pacak gulu cingkir
aduh yayi sendal pancing
A diemplek plek gung 3x

Pacak gulu cingkir
aduh yayi sendal pancing
Pacak gulu cingkir
aduh yayi sendal pancing
A diemplek plek gung 6x

A di tutul mak net net,
a di emplok plok,
a maktelep lep
A di tugel mak thel thel,
A dicaplok plok
a makjegluk gluk
A didudul mak dul dul, a dielep lep



KARANGKITRI & KARANGKITRI

Wis temelung jago kluruk
bangun esuk ocehing manuk
sawah-sawah kebak pari
kacang jagung, telo kapri   
Swarganing among tani
lumbung-lumbung kebak pari
Swarganing among tani
lumbung-lumbung kebak pari
Lumbungku kebak pari
kluargaku wis klakon mukti

Barisanku wong kang kari
barisanku tak tresnani
Mugo-mugo gya lestari
among tani biso mukti

Murah sandhang klawan bhekti
urip tentrem tur gemati
Murah sandhang klawan bhekti
Urip tentrem tur gemati
Lumbungku kebak pari
kluargaku wis klakon mukti

Ing tegal pekaranganku
Rame bocah dolanan
Gangsingan lan layangan
Amrih sepi ing kahanan
Lumbungku kebak pari
kluargaku wis klakon mukti

Swarganing among tani
Lumbung-lumbung kebak pari
Lumbungku kebak pari
Kluargaku wis klakon mukti
Murah sandhang klawan bhekti
urip tentrem tur gemati
Lumbungku kebak pari
kluargaku wis klakon mukti
Kluargaku wis klakon mukti



MITRA BECAKAN

Becak pinancal alon
ngalor lan ngidul, ngetan bali ngulon
Udan lan panas, tanpa ginagas
Ceperan ngepas, nggo tuku beras       
Amrih cukup saben dinane
Amrih cukup sandang pangane
Sing luwih penting, dandang ora ngguling
eling

Awak yen lagi apes pepes
udane deres, clono klambi teles
Atine nekad, sikil ora kuat
udan keparat, bledeg wur kilat
Ra sarapan, esuk wis mangkat
Weteng kroncongan, mengine kumat
Opo arep kiamat, urip kesrakat, gawat..

Abote ngupadi sandang lan boga
Kanggo srono urip sa garwo putro
Teka angel ginayuh, ginayuh ing mukti
Jurang jurang jero mowo eri
Wohe maren sanepane ingsun eling mring Hyang Widhi, duh Gusti...



BABAD DHAMARWULAN

Ing wengi abyor lintang kumedhap
Rinenggo ing swara asesuko
Jangkrik kumbang permoro
Asung mangayu bagya
maring kang lumaksono
Anelasak nusup wonowoso

Nenggih sang bagus Damarwulan
Putra kinasih Patih Udhara
Siswa sang palu ombo
Wiku sekti mandraguna
Mangkono cinarito jaman sasi
wus laju lampahnya
Ingsun marak maring sang ratu... wowowo

Sabdo palon noyo genggong
Abdi punakawan
Sabdo palon noyo genggong
Lucu setyo lan rumekso
Ai ai ai ai ai ai ai ai ai ai iyaa

Wis suka pari suka jejampi klawan tombo, panglipur ing sungkowo 2x
Sabdo palon noyo genggong
Abdi punokawan
Sabdo palon noyo genggong
Arso marak maring sang ratu... wowowo



SEKARING JAGAT

Ocehing prenjak baskoro sumilak
sela selaning banyu sumilir
Tan dirasa ingsun nembang
tan dirasa anglangut
Elok eloking jagat
endah endah ing nuswantoro

Gandaning sekar bebar anggembar
Angrobi swasono padesan
Tan dirasa ingsun nyawang
tan dirasa ang nglangut
Elok eloking jagat
endah endah ing nuswantoro

Para tani nambuh karti
menyang sawah nggiring sapi
kanthi tekad wojo
Para cantrik nggentur laku
poro wiku paring ilmu
kanthi tekad wojo

Para sinden nembang mijil
reh budaya kang manunggil
kembange nuswantoro
Ingsun melu anggembyungi
Nembang mijil amemuji
Kembange nuswantoro

Ocehing prenjak baskoro sumilak
Sela selaning banyu sumilir
Tan dirasa ingsun nembang
Tan dirasa ang nglangut
Elok eloking jagat
Endah endahing nuswantoro
nuswantoro

--------- --------- --------- --------- --------- --------- -------

SIDE B


KINTAMANI

Rerengganing patut asri dinulu
Tirtane balumbang wening gumrining
Katon kuncoro teja ing pulo Bali
Klakon kuncoro pamore pulo Bali

Tlogo kintamani mring jinejering
Taman hargosuko mring pepindane
Pepak rinenggo sari sekar sekar
Kalak kenongo kwan mawar gondo arum

Pulo Bali tansah anglilir
kawulo dasih makarti
Tebih saking laku duskati
samyo kambah ing tyas ayu
Kemarak haryo basuki

Kupu tawon gantrung banyak kambangan
Kasukan ing driya ceciblon samya
Kintamani memaniking bawana
Kintamani sesotyaning bawana
Kintamani memaniking bawana
Kintamani sesotyaning bawana



KIDUNG NUSWANTORO

Mega kuwung teja wangkowo
Samyo angrenggani
Wanci ratri wijiling condro
Ing wulan purnomo
Rerenggane ing antariksa
madangi jagad raya
Tasik hargo nyang wonowoso

Merah indah pucuking wukir
Semu bang cahyanyo
Wijing suryo daru kartiko
Surem ing cahyanyo
Hyang Haruna sabda pukilo
Amulat jagat raya
Nuswantoro abyor trawaca

Ingsun mijil, Ingsun Mukti, Ingsun mati
Mring Nuswantoro Indonesia wus dewoso
Mring Nuswantoro Indonesia wus amaseso
Mring Nuswantoro Indonesia Ing kuncoro



PRAHORO - PRAHORO

Rangu rangu ngngeya ang laras larasing dunyo sajeroning kalemaras
Yen pineleng elok tur nglangut
mring lakuning rat mubeng mingering jagat
Kahanan alam datan pono
angin midit kilat lan thathit
Tumiyub lesus gumesus
Ombang agung ing samudra
Prahoro kadyo kinebur
dunyo sak isine gya lebur

Tan kocapo risang Kusuma
Dyah Dewi Shinta Prabu Rama Wijaya
Jroning wono andon sih trisna
langen asmoro kinasih ing para dewa
Katungko praptaning bebaya
Prabu Rahwana dur angkara
Sang Dewi Shinta kacidra
Rinebut wani binoyo
Maring Ngalengka Diraja
dumyusup ing Jaladara

Karsaning kang akaryo jagat
titah sak derma anglampahi



JURU MINO

Alon tumiyub angin segara
gumricik swara ombak, banyu anglerap
Byak byuk swarane kayu welak
kagelar layar megar banyu binelah
Wis laju prahu nelayan
ngupoyo sandang pangan
Samudra segara lautan padhang, hmm….

Sore mangkat ngupadi iwak
ing tengahing samudra kasempyuk ombak
Adoh nilas semah lan anak
kanthi dungo lan puji, kalis tanpa balak

Wis laju prahu nelayan
ngupoyo sandang pangan
Langite lintange wulane padhang

Ing pamuji Gusti Allah,
mugi kerso anjangkungi
Ing pamuji Gusti Allah
mugi kerso angayomi

Adoh nilas semah lan anak
kanthi dungo lan puji, kalis tanpa balak
Wis laju prahu nelayan
ngupoyo sandang pangan
Langite lintange wulane padhang

Ing pamuji Gusti Allah
mugi kerso angayomi
Ing pamuji Gusti Allah



SABDO & WEJANGAN

Kalung rumpi endah nira
kenthe kencana ning tresna
Mumpung maksih mudha truna
urip ning dunyo ya muspra
Ayo nguja kersanira
endah edi ning bawana
Karya asri ning sarira
Karyo asri ning sarira

Karyo sengsem ning wardoyo
Langen suka pari suka
Tyas ing suka yung yunarso
Aduh aduh lepat margi
Marga sesat tak tlusuri
kiraning lali ing janji
Kita urip bakal mati
Kita urip bakal mati

Ya Allah, Yaa Allah

Aduh Pangeran
Kawula sumarah ing paduka
Aduh pangeran
Katutna maring margi utama
Kang Maha Agung, Kang Maha Luhur
Amrih lila amrih nrima
Tinebihna ing panggodha
Ing rencana
Ing poro iblis
Ing poro jurig

Ya Allah, Ya Allah



NABI YUSUF

Liring netra manis, prasaja lewanira
Pantes sesolahe, aluwes jroning manah
Pasalira alus miwah pakarti nira
tan wonten kuciwa
Miwah pancuring wadono
Le sasi purnomo wojo miji timun

Asma Nabi Yusuf tanpa tandhing baguse
Mring dedeg keng luhur, asem apahit juruh
Pakulitan lirmas, kadya sasi purnamane
Rikma ngembang bakung
Nabi Yusuf sampun yayah
Welas tahun yuswo, wus pecaking pamor
Nabi yusuf tan kagungan
watak adigang adigung
Opo dene adiguno dursilo
Nabi Yusuf tinuladha
Ing para dasih kawula
ing prabowo amrabowo tuladha

----------

NB : Lirik berasal dari kiriman Dodi Yuliadi, salah satu admin Memories of Gombloh. Foto berasal dari Google.

No comments:

Post a Comment